Pages

Ads 468x60px

Selasa, 24 Juni 2014

Tik

Tik…tik….
Titik. Titik iku pungkasan
Koma uga pungkasan
Titik koma uga pungkasan
          Kang mungkasi lan pungkasan
          Kang ngawiti uga ngawali           

          Yen ana pungksan ana wiwitan
          Ana wiwitan mesthi ana pungksan
          Wis…pungks..pungkasan


Kanca Sejati

Aku ora ngira…
Aku ora nyangka..
Nyatane kowe pancen kakancaku kang sabenere
Nalika akeh kan nganggo topeng
Kowe tansah apa anane ing ngarepku
          Akeh kang padha golek kabutuhanne dhewe
          Rame-rame mara yen ana prelune
          Nanging kowe ora,
          Tansah ana ing susah lan senengku
Tere, iis, Mentari…
Kowe pancen kanca kang sejati
Maturnuwun seakbehane

Aku mung kanca kang ora ana apa-apane

Lebu

Babagan iki ora bab Habibie-Ainun
Kang tresnane sekati aku percaya
Kang manunggal  jiwa aku ora praduga
Iki mung bab montor mabur
Akeh lebune…akeh sawange
          Iki mung bab gegayuhan
          Indonesia isa melek globalisasi
          Jare pengin dadi negara nomer siji
Nanging usuke durung jejeg, kurang siji
Langitan jeh kebak sawang
Kursine isih kebak tikus delikan
          Garudha mung tunggangan
          Saluwehe perlu sikil kang mblayu tanpa sandhal
          Perlu tangan kang nyerat donya

          Lan perlu bathuk kang nemplek sajadah

Nesune Bumi

Eluh iki wis ora bisa tumetes
Mung ati tansah lelimengan
Ngawe-awe godhong garing
          Waru-waru padha malih werna
          Kembang mawar wis alum
          Kupu kang menclok mung mesem pati
Gemrojog udan tanpa mandeg…
Nyumbel kali dadi keli
Banjir…kobong..
          Iki yen Alam wis protes
          Ora omongan…ora perang
          Iki…banjir….lindu…
          Wis dadi nyekseni yen, Bumi nesu

          Ayo padha ngreksa bumi sadurunge nesu kang dumadi

Biyung

Aku pamit biyung…
Pamit golek segara
Bakal tak gawakna biyung…
          Biyung….
          Gegayuhanku menek lazuardi biyung
          Pengin tak jikuk lintang kang gawa esemmu
          Biyung…gumuyu a biyung…
Aja kuwatir biyung…
Eluhmu bakal dadi sanguku ana kene
Sawanganmu bakal dadi estumu sanalika
Segara iku wis tak kuras biyung
Langit uga wis tak penek biyung
Lintang-lintang wis gumuyu…
Gegayuhanku bakal kegayuh biyung…
Aja kuatir, dedongamu janjiku

Bang... Tikus... Bing

Bang….bang…
Bing….bing….
Abang…abang..
Putih…putih…
          Bang….bang…
          Bing….bing….
          Juang…Juang…
          Serang…serang…
Bang…bang…
Bing…Bing…
Aspal….rayap
Kayu…Gubug…
          Bang….Bang…
          Bing….bing….
          Tikus…wedi…tikus…delik
          Bang…dasi…bang…dasi…
          Kursi kain baya
Bang…Bing…
Demit...demit…
Dhuwit…dhuwit..
Demit duwit..

Eeeee….dasine tikus!!!

K.P.R.T

Wengi tansah wengi…
Ana bocah-bocah padha gojegan karo sang Wulan
Padha gemuyu ngoyak swara
          Aku ora nyangka saka kene ketemu
          Mung saka kertu-kertu kang ora jelas paranne
          Kaya poker kang loro raine
          Kaya Waru kang biru sangkaku
Saya wengi ati saya entek…entek ngelmu
Kowe lan aku padha rebutan ngisi banyu
Aku pengen serat kowe pengen suluk
Pungkasane keduman rata
          Aku percaya iki dudu kekancaan biasa
          Iki bab kekancan urip, sinau urip

          Aku lan kowe K.P.R.T  sedulur K.P.R.T

Nusron jenenge

Nusron jenenge…
Ayu bocahe….
Saben ngomong dekok pipine
Duh…nengsemake ati
          Nusron…nusron
          Sumebyar jilbabe ngedhemke ati
          Rikat tangane yen nyambutgawe
Nusron...
Nusron adhiku saiki wis gedhe
Solah bawane kalem ora digawe
Eseme alus ngelus ati      
          Nusron..nusron..
          Aku kangen sliramu dhik
          Aku kngen esemmmu lan polahmu

          Nanging ngendi lungamu aku ora eling

Jakarta

Rasane angel unjal ambegan ana kene
Sadalan-dalan kebak motor kang sliweran
Macet, bruwet, budreg
     Metropolitan jarene
     Nanging isih akeh kang buta aksara
     Nyatane isih kaeh kang turu ngisor kreteg
Ah….Jarene Ibukota
Jebul  rakyate malah tunawisma
Jebul mung Panguwasane kang mangan sega
Rakyate cukup mangan jagung lan tiwul
Ah….Jare Jakarta…Jakarta

Kudus

Kudus kuthane
Santri-santri penunggune
Makmur rakyate
     Kudus kuthane
     Konstitusi cekelane
     Sehat bocahe
Kudus Semarak
Iku semboyane
Kretek julukanne
Jenang kuliner khase      
     Kudus pancen kutha cilik
     Nanging gedhe pangajabe
     Gedhe sumbange marang nuwantara

     Hemm…kudus

Ambarella

Ambarella…
Ala rupane gedhe mupangate
Ijo kulite, putih isine
     Ambarella…
     Pedes di rujak
     Pahit digawe obat
Ambarella..
Apik jabane, mruwet isine
Ah…Ambarella

Topeng

Topeng…
Dasamuka
Palsu…
     Topeng
     Arjuna….
     Rusak
Topeng….
Sita
Cidra
     Topeng….
     Kumbakarna
     Dudu
Topeng….
Asli…
Topeng…
Anoman…
Topeng…
Jalma
Topeng…

Manungsa…

Sang Gamelan

Lelagon Agung mati, titi nada wis mblenco
Sang Hyang Guru ing pertapane ngundang para dewa
Pada seba ing ngarepe kanthi petungan Gong..
     Kacipta lelagon pangiring swarga
     Para niyaga siaga gawe orkhestra
     Lan kendhang miwiti mantep
     kenong ketug demung saron peking rebab siter, harmoni
     Kabeh laras  ing roh sang gong
     Manunggal swara ing gendhingan sang gerong
Gendhing, ora mung raga annaging uga jiwa
Ora mung lambe ananging ati
Ati lan lathi tansah muji marang Sang Hyang
Kanthi iringan gendhing manyembah lan ngasor….

Meleke Raga

Ngawiti meleke raga, jiwa, lan sukma
Klawan dzikir marang marang pengeran
Ingkang tansah paring panguripan lan kabegjan
Ingkang tansah paring sesandhangan iman lumawan jiwa
     Yen dirasa, akih kang krasa
     Krasa wis apik uripe, apik imane
     Yen dipikir, akih kang seneng mikir
     Mikir eleke liyan,tanpa weruh bosoke dhewe
Duh…
minangka padha apal qur’an hadiste
Nanging ora tau digagas lan diamalke
Ya, Namung sulaya blaka ta
     Mumpung durung keblanjur
Mumpung isih isa ngrogoh ati
     Yo, para kanca padha gegandhengan
     Bebarengan ngaji hakikat urip
Njur…
Mungkasi unjaling napas klawan sektine kalimat loro
Mangertosi sejatine pati jroning urip, lan pati jroning urip
Mesthia padha waspada lan mawas diri


Serambi Mekah

Ing pucuking nuswantara…
Serambi makah gumelar ing mustaka Agung
Islam kang ngilhami
Kajaga sapti-pati
    Wolung taun kepungkur
          Sang Serambi dioyak samudra
          Banyu padha munggah nyalami langit
          Sanalika langit peteng dhedet
          Bayi-bayi tangi golek biyune
Omah-omah rata lemah
Wit-wit ambruk ora kuwat nyangga
Wong-wong gletak sadalan-dalan
Tangisan wis nyamudra

Lan Mesjid Agung kae isih ngadeg jejeg gawa serambi Mekahe

Lelakonmu

Lelakone wong enom iku senenge gawe
Gawegawe sing ramerame
Ramerame gaweapa wae
     Jare gawene merjuangna rakyat
     Nanging mung gembargembor ning pinggir dalan
     Golek bebenere dhewe
     Golek pamor lan pangkate dhewe
Jare meh dadi panerus bangsa
Jebul mlah ngusak bangsa
Alonalonora ketara
Oalah…wong enom kok tela

Piye nasibe Indonesia ing ngareppe?

Indonesia

Indonesia, tresnaku
          Abang pralambang satriyaku
          Putih pralambang suciku
          Garudha wibawaku
Indonesia swarga donya jarene
Wiji diuncalke mbalik witwitan
Gemah ripah loh jinawi
     Indonesia pancen gudhange budaya
     Jawa kang jiwani
     Madura kang misuwur
     Aceh semiotikane serambi mekah

     Ananging kabeh nyawiji ing lazuardi nusantara

Bocah- Sejatine udan

Gemrojoging banyu esuk iki
Emprit sautsautan lelagonne
Swara jejogedan kodok padha ngorek ngramekake swasana
          Udan sanalika medhun alus
          Jagojago padha mulih kandhang
          Manukmanuk angkrem ing sarange
Nanging deleng kae..
Bocahbocah ramerame nemoni udan
Bocahbocah ngerti hakikate Udan iku berkah dudu musibah
Jare banjir garagara udan
Iku mung piwales manungsa kang ora gelem ngreksa bumi
Lan udan mung mara nguluk salam…
Indonesiaku….bumi pertiwiku
Abang putih klambiku
Garudha dadi tumpakkanku

Dhuwit

Dhuwit
Dhuwit….dhuwit…
Kebuh butuh dhuwit
Dhuwit…dhuwit
     Dhuwit kanggo mangan
     Kerja kanggo dhuwit
     Dhuwit saka kerja
Ah…dhuwit dhuwit
Bingung ora duwe dhuwit
Bingung uga yen kakehan dhuwit
     Dhuwit…dhuwit
     Sakakehe dhuwit luwih becik kanggo sedekah
     Luwih becik kanggo ngibadah         
     Ah..pancen dhuwit..


Yogya, Wengi iki

Lampu remengremeng
Sadalan-dalan kebak kupukupu lan jangrik
Padha gegojegan, padha jegogedan
Nyebar madu racun
Nanging Dewa daru isih gagah wibawane
      Sansaya suwe tangan-tangan gumratil golek senenge
     Kaya semut ngrubung gula
     Sinawung eseme ana lara tangise
     Linali cedake swarga lan neraka
Aku mung gumuyu gegirisi ati
Uga sing liya wis ora peduli liya
Ngunggungake “apatis” lan “egois”
Aku mesthi padha, nyata iki meneng wae
Mung sinawangan lan ngademke ati

Yogya, wengi

Sepi

Sepi...
Mung suara angin sing krungu
Kritikkrithik... udane wis mandeg
Langite petheng, rembulane ora kaon
Lintang padha ndelikan,
Sepi...
Jangkrik, nganti ora muni
Urip pancen ana kalane seneng, ana kalane susah
Yen urip dhewe rasane nelangsa
Urip ora duwe gairah
Sepi...
Sepi...

Sepi...

Pitakonku

Gemuyu lintang-gumlintang keprungu pangajabku
Suket-suket isih padha jejogedan ora preduli
Bekicot isih kabotan nggotong omahe
     Langit isih gumantung mendung
     Gumricik udan isih rikuh nguluk salam
     Sawetara kodok wis pensiun olehe ngorek
Nanging…
Aku isih mlaku ngalor-ngidul
Isih luru wangsulan pitakonku
Isih ora genah penggalihku
Ana apa donya????
Gemborku ora marakake wansulan…
     Meneng kabeh, sepi tanpa swara
     Ana apa donya???
     Meneng…
Ah…aku bingung
Mesthine pancen ora ana pitakonan
Apa benere ora ana wangsulan

Mesthine kan bener yaiku “ Ana apa karo kahananku?”

Katentreman

Kababar serat iki
Saking telehing nala den kaesthi
Kang manungkul mring Hyang Wiku
Anyadhong palimirma
Kangge mbrasta kasekengan lan reridhu
Pangarsa miwah kawula
Saindhenging tlatah nagri
Tan kendhat samya dedonga
Manungkul manembah maring Hyang Widi
Kaluwarna saking bebendhu
Tuwin sagung angkara
Amrih raharja nagri ingkang kadulu
Tentrem ayem nuswantara
Gemah ripah loh jinawi

Nesu

Jojobang  mawinga -winga                     
Mripat  kocak   padha mangondar-andir        
Marga   padha   lagi  nesu                               
Idep  m ngola   cakra                              
Durung  uwis  yen  durung  mare ni  nesu

Nesu   amarga  tukaran                                  
Angger  pada   ora  mati                        


Anoman Puthih

Sang Bathara nyebar piwelase
Nitis marang Anjani
Kaya ketiban cahya kahyangan
Bungah jagad raya iki..
     Widadari tanggal wusanane
Medun nuju tlaga sumala
Ngaling-alingi kabut wengi iku
Anjani dadi mulya
Sang kera lair anak dewa
     Anoman mawujud kera
     Putih wulune pralambang suci atine
     Kembang tanjung putih mekar ing tlaga
     Gending-gending Abadi mampir kahyangan
Anoman katresnane jagad
Pangajabe manugsaing kahanan kebak angkara
Wujude kera nanging satriya piningit
Lan mega-mega mung gumuyu puthih…


Kidang Dandaka

Gemresek godhong Ing wana dandaka
Swara jangkrik ngerik nambah ramening sawsana
Singide wana jebul ngandhut widadari kahyangan
     Saklebating mripat kidang kencana pamer luwese
     Sang Dewi kepencut atine
     Wit-wit padha obah ora enteng
     Pratandha kanggo kang meruhi
Wulune emas, tipis alus kaya mega angkasa
Semlorot mripate ginawa atiku
Kaya katiup angin lumakune ing gegodhongan
Ora bisa dienyak, kudu entuk kidang mau
     Sang sita sedhih atine
     Penggalihe tansah ilang separo
     Ing ati kelingan kaendahan kidang kencana
Sang Rama uga ora nganti ati
Kanthi sepining sawasana nggudak kekarepanne Sita
Kidang kencana mesthi bakal dadi bebukti tresnane marang Sita
Kabeh lumaku kanthi takdir kang ora diweruhi
     Angin sembribit nyebar sajroning wana
     Sang Kidang kejemparing ulune
Swara gembore gegirisi ati ing kadohan

Sita gumletak diboyong rahwana…

Kasmaran

Nganti atiku krasa sirna
Kasmaran iki sansaya nglarani
Ngawang-ngawang rupamu
Ora krasa luh iki netes
Kowe wis kepatri ning atiku
Nganti pungkasane donya, kowe wong sing ora bakal kelalen
Lan yen aku nangis ping pirangpirang kaping

Tresnaku mung kanggo kowe

Tresna Sejati

Yen tresnaku ngundang tresnamu
Swara awan lan wengi kaya lelagon
Isih keprungu swaramu ngundang aku
     Aku ora tau lunga terus ana ingatimu
     Sliramu ora tau adoh terus ing atiku
     Jiwaku negesake aku tresna sliramu
     Nailka aku wis ora ning sandingmu
     Tak tunggu ing gapura kang sejati
Tresna iki nyunggingke sejarah
Mbabar crita kan nyengsemake
Saengga sapa wae abdine Gusti bakal ngerti

Tresnaku lan tresnamu iku sejati…