Lampu
remengremeng
Sadalan-dalan
kebak kupukupu lan jangrik
Padha
gegojegan, padha jegogedan
Nyebar
madu racun
Nanging
Dewa daru isih gagah wibawane
Sansaya suwe tangan-tangan gumratil golek
senenge
Kaya semut ngrubung gula
Sinawung eseme ana lara tangise
Linali cedake swarga lan neraka
Aku
mung gumuyu gegirisi ati
Uga
sing liya wis ora peduli liya
Ngunggungake
“apatis” lan “egois”
Aku
mesthi padha, nyata iki meneng wae
Mung
sinawangan lan ngademke ati
Yogya,
wengi
0 komentar:
Posting Komentar