Pages

Ads 468x60px

Tampilkan postingan dengan label geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label geguritan. Tampilkan semua postingan

Selasa, 24 Juni 2014

Kidang Dandaka

Gemresek godhong Ing wana dandaka
Swara jangkrik ngerik nambah ramening sawsana
Singide wana jebul ngandhut widadari kahyangan
     Saklebating mripat kidang kencana pamer luwese
     Sang Dewi kepencut atine
     Wit-wit padha obah ora enteng
     Pratandha kanggo kang meruhi
Wulune emas, tipis alus kaya mega angkasa
Semlorot mripate ginawa atiku
Kaya katiup angin lumakune ing gegodhongan
Ora bisa dienyak, kudu entuk kidang mau
     Sang sita sedhih atine
     Penggalihe tansah ilang separo
     Ing ati kelingan kaendahan kidang kencana
Sang Rama uga ora nganti ati
Kanthi sepining sawasana nggudak kekarepanne Sita
Kidang kencana mesthi bakal dadi bebukti tresnane marang Sita
Kabeh lumaku kanthi takdir kang ora diweruhi
     Angin sembribit nyebar sajroning wana
     Sang Kidang kejemparing ulune
Swara gembore gegirisi ati ing kadohan

Sita gumletak diboyong rahwana…

Senin, 23 Juni 2014

Tanpa Wates

winatese mitos lan logika
Tanpa sarat kang nyata
Ngliwati nalar-pinalar
     Anut Pangandikane sang Purbaya
     Panegese Sang Senapati
     Sultoni Jare mberkahi
     Ora dupa ananging dedonga
Manuk puyuh do glimpangan
Pratandha manungsa yen gelem mirasa
Mirasa lakune kudu pantes
Ora gumunggung sakarepe dhewe,
Iku pantes bakal cilaka
     Ambruk montor mabure
     Yen mirasa kudu seba

     Dedonga marang Gusthi…