Pages

Ads 468x60px

Senin, 23 Juni 2014

Serat saking ibu

Nduk ndang bali…
Sesasi luwih tak tunggu tekamu
Mung esemmu sing tak jaluk cah ayu…
     Mrenea cah ayu,
     Aku ngerti kowe wong penting ing kana,
     nanging apa Aku ora penting?
Nduk piye kahananmu?
Apa sehat lan seger kawarasan?
Dongaku saben bengi kanggo awakmu
Nanging apa kowe tahu donga kanggo aku nduk?
     Suwe ora ngabari
Jaremu saiki kowe diwenehi amanah gedhe nduk..
Aku melu seneng, aku melu bangga
Ealah…Nanging endi Amanahmu marang aku? Apa kowe lali?
Aku saiki ngerti nduk, jebul kowe aktivis…
Aktivis apa pasifis ibu ora mudeng ndung

Ibu mung karep kowe bali sepisan iki…

0 komentar:

Posting Komentar