Lazuardi katon bisu anyekseni
Mega mendung isih gumantung ing bumi agung
Kayata 9 widadari medun saka kahyangan
Padha ananging hakikate beda
Kaya kaca gumantung pecah loro
Nyempyok sampur tansah ati kang legawa
Jejer-jejer sawi beksan
Tinabuhan kemanak lokanantha
Binawung ing sekar sawi sekar ageng
Gendhing pangiring kahyangan
ditabuh
Ratu
Rara Kidul ora kuwasa mandheg kencanane
Njalma
siji, genep ugaa sepuluh
Kayata kelangan arah
Dudu raga, ananging sukma
mbeksan
Sang Kanjeng Ratu Kidul merek maripih
Tunduk marang Wong Agung Ngeksiganda
Sepakat ing dimensi liya
Lintang kumlintang isih
gumebyar
Planet-planet isih ngubengi orbit
Ngubengi Sang
Senapati kang Agung
Trah tumerah kudu wibawa
Lan Ing tanah Jawa iki
Agama ageming aji
Kaya Ujare sang Bedhaya
0 komentar:
Posting Komentar