Bintang Lintang Ing Atiku
Wengi
iki langit katon padhang
Gumebyar
warna-warna sunaring lintang
Ananging
Namung siji kang gawe pepadhange ati
Nalika
nyawang sliramu Bintang
Bintang
Lintang ing atiku
Tansah
tak puja sliramu
Pasuryamu
ngadhemke atiku
Esemmu
sing tak sungging ing pikirku
Bintang lintang ing atiku
Sliramu
kayata lintang kang gumatung ing awang-awang
Sliramu
tansah adoh saka kasunyatan sawangan
Aku
mung ngarep sliramu tanpa isa nyekel atimu
Bintang lintang ing atiku
Nyatane tresnamu wus nyawiji karo liyan
Nyawiji nganti kepati-pati jaremu
Ya, tresnamu mung Gusti benere
Bintang
lintang ing Atiku
Bener
, tresna kang sejatos tresna pancen marang Gusti
Tresna
kang bener anane pancen Gusti
Kaya
kandhamu wengi iku Bintang
Lan
Lintang tansah gumyebyar guyu pitakonku...
S
|
rengenge
katon nlingsirake suryane kang paring pepadhang kanggo bumi tanpa sambat lan
pamrih, langit uga katon biru laut ngambar mega-mega kraton ing ati, ora gelem
kalah manuk-manuk cilik ajak-jakan golek suara saka suket kang seger tumeles
embun.
Dina iki dina special
kanggo mudha-mudhi, mudha-mudhi kang lagi kasmaran, kang lagi katresnan
marang kancane utawa kanggo wong kang disayang. Tanggal
14 pebruari, dina kang jarene dina kasih
sayang. Mbuh piye critane, awit nganut budaya barat dina iki dadi perayaan kang dipengeti ing sak kabehe
donya.
Semono uga kang dialami dening Putri,dheweke siswi
kelas 3 salah sawijine SMA ning Kudus. Putri pancen bocah kang ayu banget mula
akeh kang tresna karo dheweke, sakliyane iku putri uga bocahkan pinter lan apik
karo sapa wae.
“Putriiiii……..,” celuke Fita lan Indri esuk iku
nalika putri mlebu kelas.
“ Eh…eh…ana apa ta, sajake kok geger banget ?” jawabe
putri katon bingung.
“wis ta gak usah kakean takon…cepet rene,” ujug-ujug
Fita nggeret Putri mara ning bangkune.
“Taraaaaa.…Putri, delengo kowe entuk coklat akeh ki,”
ujare indri lunjak-lunjak
“colkat, saka sapa?” wangsule putri ra gagas.
“Ya saka cah-cah lanang sing ngefans kuwi ta Puuut…”
“oh…”
“Ha, mung oh…banjur coklate piye Put, jaluk siji
ya?”
“Nek gelem jikuk kabeh Fit, aku emoh,” wangsule Putri
langsung metu saka kelas.
***
Saknalika iku Putri langsung metu saka kelas, mlaku
karepe dewe. Ngalor-ngidul akhire Putri mandek ning sawijine pojok kelas. Dheweke
ngingeti sawijine bocah saka kelas iku, dheweke pancen bagus banget lan wis
suwe Putri seneng karo bocah iku nanging dheweke ora wani ngomong.
“Assalamualaikum…Putri kok ngadeg ning ngarep kelas
arep golek sapa?” celuke Bintang ujug-ujug
“A…a..arep arep golek Mbak Ani ana?” wangsule
klagepan amarga grogi
“Oh…Mbak Ani durung teka put, menawa sedela maneh.”
“Ya wis put, aku disik ya arep ning mushola,”pamite Bintang
kang gawe Putri tambah bingung
Tansah isih kemringet Putri balik ning kelas karo
ati kang ora karuan, sakjrone pelajaran dheweke mung meneng. Dijak omong kanca
ora digagas, ditakoni ora jawab. Pikire mung ngawang-ngawang kedadeyan mau,
nalika dheweke ketemu bintang, nalika dheweke mung isa ngeti tanpa isa ngomong.
“Put…put…kowe kenapa?” celuke Fita nalika kelas
bubar
“Ora kenapa-kenapa kok.”
“Ora kenapa-kenapa kok kawit mau kaya ngono, apa
kowe nesu coklatmu tak pangan aku lan Indri ?”
“Oraklah…aku ya rak seneng kok.”
“Lha terus kenapa, mbuk ya crita?”
“Tenan…ora ana apa-apa fit.”
Nanging ujug-ujug putri malah ambruk ning meja,
banjur nangis sesenggukan.
Fitri bingung karepe dewe banjur nyeluk indri kanggo
nulungi.
“Indriii….rene tulungi,” celuke fita karo indri.
“Ana apa Fit, ana apa?”
“ Ki, delenga Putri.”
“Masyaallah, putri kowe kenapa?”
“Embuh Ndri, aku ya rak mudeng ujug-ujug kaya ngene.”
“Put, nek ana masalah mbuk ya crita, kene mbuk
anggep kanca ora?” Omonge Indri lan Putri.
“A…aku…bingung Fit Ndri…aku bingung arep crita piye,”
wangsule Putri sanajan isih nangis.
“Ya wis,crita alon-alon,” ujare Fita karo
ngelus-elus Putri
“Aku seneng karo Bintang Fit…”
“Apa, Bintang?”Omonge Fita Kaget.
“Iya, aku seneng kawit kelas 1 Fit, Ndri.”
“Kenapa rak ngomong kawit biyen Put…Bintang ya
seneng ambi kowe kok.”
“Jarene sapa ta Fit, aku rak
percaya.”
“Temenan Put, wonge tau ngomong mbi aku, tak kira wis
ngomong karo kowe nanging mbuk tolak.”
“Bener iku Put, sapa ta sing gak seneng mbi kowe,
wis ayu banjur apik sisan.”
“Apa iya?”
“ Iya Put…wis ora usah bingung ngomongo karo wonge
mumpung valentine.”
“Mosok aku sing ngomong?”
“Ora papa, ora jamane gengsi Putriii…kana ndang
lunga.”
***
Putri banjur mlayu golek Bintang,
ora peduli durung raup, ora peduli isih nangis lan diingeti wong-wong. Dheweke
Mlayu kati ati kang rada adem kaya ketetes banyu embun. Digolek Bintang ning
kelase nanging ora ana, ning perpus ya ora ana. Putri ora putus asa, isih mlayu isih luru, kelingan mau Bintang pamit ning
mushola dheweke muter balik nuju panggonan kuwi.
“ Hosh…hosh…Bin…Bintang ,“ celuke
Putri kanthi napas kang isih kemrungsung
“Putri, kena apa ta kok mlayu sampe
kaya ngono?”
“Aku….aku arep ngomong Bintang, penting!”
“Ana apa Put, ngomonga?”
“A…aku…aku…”
“Aku..aku kenapa Put?”
“Aku seneng karo kowe Bintang.”
“Seneng..seneng piye aku rak mudeng.”
“ seneng, tresna karo kowe. Jarene
Fita kowe rak ya seneng aku barang ta?”
“Hee…sakdurunge maape Put, aku pancen tau seneng
karo kowe biyen, biyen nalika aku durung kenal tresnaku kan asli, biyen nalika
aku rak wani ngomong amerga minder. Pancen aku ngomong karo Fita, nanging aku
rak bakal nyangka yen kowe ya seneng karo aku. Nanging, ngapuntene Put, iku
biyen saiki aku wis ora seneng karo kowe Put, aku wis nemu tresnaku kang asli
“Tresna kang asli, sapa Bintang
aku pengen weruh?”
“ Allah Put, Rabbi ku kang nyata lan asli, tresnaku
kang ora bakal nolak aku Put…tresnaku lan tresnamu sejatine ya kui Put..”
“Ngapuntene ya Put,kowe mesti
ngerti. Aku pamit ya.”
Ya bintang lunga, lunga ninggalke
Putri dhewekan. Ninggalke karo pitakonan kang akeh. Putri Isih bingung karo
kedadeyan iki, lagi mau wae ati ayem krungu critane Fita nanging saiki sawalike.
Tapi pancen bener, tresna kang nyata namung Gusti kan siji, Gusti kang tak karep
manunggal karo atiku. Nanging sanajan ngono, Bintang kowe tetep dadi lintang
ing atiku tekan besuk wektu iku.
0 komentar:
Posting Komentar