Rasane angel unjal ambegan
ana kene
Sadalan-dalan kebak motor
kang sliweran
Macet, bruwet, budreg
Metropolitan jarene
Nanging isih akeh kang buta aksara
Nyatane isih kaeh kang turu ngisor kreteg
Ah….Jarene Ibukota
Jebul rakyate malah tunawisma
Jebul mung Panguwasane
kang mangan sega
Rakyate cukup mangan
jagung lan tiwul
Ah….Jare Jakarta…Jakarta
0 komentar:
Posting Komentar