Pagelaran wayang kulit kang digelar ing area parkir auditorium Unnes yaiku
kanggo mengeti Dies Natalis Unnes
(30/3). Pagelaran kang diwiwiti jam 20.00 WIB nganti jam 04.00 WIB dikebaki
dening civitas akademika lan warga
sakjroning Unnes.
Pagelaran kan didalangi dening Ki Mantep Soedharsono
ngringgit lakon “Sri Boyong“. Nyeritakake
babagan negri Ngamarta, Mandura, lan Dwarawati kang katekan mangsa pageblug lan
paceklik, kedadeyan iku amarga rakyate wis ora gelem ngreksa bumi. Banjur
diutus Bambang Probo Kusuma kanggo golek mustikaning retna yaiku Dewi Sri kan
mujudaken makmure jagad.
Ki Manteb Soedharsono kang jejuluk “Dalang Setan”
uga ngamati kahanan Indonesia yaiku akehing aksi demo mahasiswa kang nolak mundhaking BBM.
Ngendikane, aspirasi menika bisa dilakokake kanthi cara kang luwih apik lan ora
anarkhis. “Kabeh isa dilakoni ing negara demokrasi, nanging yen dijiwit kuwi lara
ya aja nglarani liyane,” ngendikane dalang kang dadi bintang oskadon oye
kuwi.
Sakliyane ditayangkake ing TVRI, antusiasme kang
deleng uga katon rame. Mahasiswa BSJ rombel 5 njaluk langgam “eman-eman”
anggitane Ki Manteb, kairing jogedan dening dagelan Gareng Ngesti Pandawa dan
Bagong Banyubiru kang katon gawe kahanan sansaya rame. Charisfa
0 komentar:
Posting Komentar