PangestuMu Iku...
Gegayuhan
iki nyata anane
Gegayuhan
iki bakal tak labuhi kanthi pati
Amarga
gegayuhan iki pranyata wujud bektiku marang Gusti
Bektiku
oleh nyinaosi Wahyunipun ingkang amukti
Ananging
olehku kepati-pati isih lali
Gegayuhan
iki mung atiku kan benerke
Gusti
ingkang kuwasa mangestoni
Marang
ucape Bapa lan Ibu
Gegayuhan
iki ra bakal seprene wae
Mung
omongan tanpa tumindak
Ora
bakal mandeg kanthi waliking zaman lan
mubenging donya
Ora
bakal sirna klawan pangestoni surya atiku,
Ananging
pethenge surya atiku
Donya
krasa ambrug lan jugrug
Aku rak
tekan ati tekan seprene
Muga
Gusti paring bebenere dalan liya
S
|
aben
dina iku kebak kaliyan warna-warna, kadang ireng kadang putih malah ujug-ujug
abu-abu. Iku urip, werna apa wae kang bakal kedadeyan ing dina iki ora bakal
ana kang mangerteni.
Kaya biasane, aku pancen mulih
menyang Kudus telung sasi pisan, aku pancen rak kerep mulih amerga lagi sinau
ing salah sawijining pondok pesantren ing Jawa Timur, mula saben mulih aku
krasa bungah banget tanpa kira. Nanging rak kaya biasane, atiku krasa abot
wektu iki. Sadalan-dalan kabeh tak deleng ampyang, bis-bis lumaku kaya rak ana
ruh tanpa gregeting ati, bledug kang
kumebul saka knalpot mung nyeseg-nyesegi unjaling napas, rak beda tugu “
Selamat Datang Kota Kudus “ uga katon anteng tanpa swara.
“Assalamualaikum…Bu, Zahra wangsul,”
salamku nalika mlebu omah kanthi sungkem kaliyan ibu
“Duh, cah ayu wis mulih ndhuk, piye
kabare,?” pitakone ibu
“Alhamdulillah sae sanget Bu, Lha Ibu
kados pundi?”
“Oalah ndhuk, Ibu tansah pinaring
seger kawarasan iki, piye kabare Bu Nyai?”
“Bu Nyai ngih sami sae Bu, malah sok
nitip salam kagem Ibu”.
“Sokur nek ngana, salam uga saking
Ibu nggih”.
“ Nggih, Bu,” wangsulanku marang
Ibu, banjur aku cepet-cepet mlebu kamar saperlu resik-resik awak.
Kanthi semangat aku banjur adus,
njur mangan kaliyan Ibu. Ananging ana kang beda karo kahanane omah iki. Sanajan
ora ana kang beda karo sipate Ibu, aku mulih ya ana ibu, ibu uga iya gaweake lawuh
kasenenganku. Oh ya, aku eling, Bapak wonten ngendi?...
“ Ibu…Ibu…,” undangku kanthi
bengak-bengok
“ Lha, ana apa ndhuk, kok ndadak
undang-undang?”
“Bu, Bapak wonten pundi, kok sajake
sepi nyeyet,?”
“ Bapak lagi wae tindak sedhela, “
wangsulane Ibu rada grogi
“Menapa leres Bu, sajake kok kula
boten enak ati,?” pitakonku karo guyu
“Oalah…anake Ibu kok sok pinter, lha
wong nyatane ora ana apa-apa, Ibu kudu ngomong piye ndhuk,?”
“Hehe….enggih Ibu sayang, Za pitados
kaliyan Ibu…” wangsulanku kanthi sendenan ing pundhake Ibu.
*******
Heem….kangen banget karo swasana Malem Jumat ning
Kudus kaya ngene, swasanane beda lan pancen luar biasa, ning saben masjid
mesthi padha saut-sautan sholawatan,saben omah padha maca tahlil lan
yasin,hawane pancen adhem banget lan gawe trenyuhing ati. Apa maneh nalika ing
Menara Kudus, seneng banget ndhelengi “pasukan bersarung” kang padha mojok ing
sakitare mesjid Al-aqsa kanggo ngapalake Alquran, ”pasukan bersarung” iku jejulukanku kanggo para santri pondok
kang asring ing Menara Kudus. Lagi wae ngawang-ngawang kahanan mau aku keprungu
swarane Ibu kang pikirku kadosta nembe muwun.
“ Njur,kepriye pak,?” pitakone Ibu marang Bapak
kanthi muwun.
“Bapak wis ikhtiyar Bu, nanging pancen semene isane
usahaku,”wansulane Bapak.
“trus kanggo bayar utang-utang kang padha nunggak
pripun pak?”
“Ora ana liya Bu, saliyane omah iki.”
“Ya Allah…apa iku thok Pak, njur Zahra piye?”
“Ngapuntene Bu, Bapak ora isa apa-apa.”
Brak..keprungu swara buku kang padha tiba….aku
mlayu,nangis. Aku rak nyangka Bapak Lan Ibu sulaya karo aku, aku durung isa
trima ,awang-awanganku kang endah mau dirusak kanthi kaya ngene..aku rak trima.
“Za….zahra, ndhuk rungokake Ibu,”ucape Ibu nalika
isa nututi aku
“Menapa Bu, rak sampun cetha Ibu lan Bpak sulaya
karo kula.”
“iya..Ibu pancen ngapusi karo kowe Bapak lan Ibu rak
pengin kowe sedhih.”
“Lha,kados pundi cariyosipun Bu?” pitakonku rada
anyel.
Kanthi muwun, ibu crita kabeh marang aku, kepriye
Pabrik Rokok kagungan Bapak isa nganthi bankrut awit ana wacana “rokok haram”
saka MUI. Wiwit iku pabrik kang siji-sijine sumber panguripan kaluwargaku
kurang produksine, malah utang-utang padha numpuk lan Bapak ora isa bayar upah
buruhe.Aku mung isa rangkulan ngrungokake critane Ibu, pikirku wis
ngawang-awang omah kang tak tresnani iki bakal disita kanggo nglunasi utang….
Wiwit kahanan menika, aku sakluwarga pindah ing omah
kang katon sederhana. Sakjane ora bisa disebut omah, awit panggonan iki asale
gudhang rokok pabrike Bapak, banjur direnovasi sithik kaya panggonan saiki.
Nanging, ora masalah omah kang dadi pikirku awit Bapak saiki rada malih,
panjenengane kerep ngamuk tanpa sebab,Bapak kang asale ora tau udut saiki malah
jor-joran olehe udut. Aku kuwatir…
*******
Sesasi
kepungkur…
|
Pengumuman
|
|
Bagi santriwati yang berminat study di Yaman,
Syarat:
·
Santriwati aktif pondok
·
Hafal Alqur’an min.5 juz
·
Siap mengikuti serangkaian test.
Bagi yang berminat bisa menghubungi Bu nyai untuk keterangan
selanjutnya.
|
“Ha,Yaman??”gemborku
saking kagete ngulati pawarta mau.
“Za, ana apa Za?”pitakone Aliya kang
kaget olehe krungu swaraku.
“Delengen pawarta iki, bakal ana study ing Yaman, Ya…Yaman!!!”
“Kowe pengin,Za?”pitakone Aliya
srada bingung.
“Ya mesthine Aliya, kan kowe ngerti
aku pengin banget sinau lan ngapal Quran ing negri Yaman,”wangsulanku seneng
banget.
“yah…aku ya pengen si, tapi mesthi
rak bakal isa,mesthi kalah karo kuwe Za.hehe,”wangsulane Aliya sok gojek.
“Haha….ana-ana wae,ayo nyoba bareng
mbok menawa isa klebu kabeh.”
“Eh,Aliya…tapi aku kudu izin marang
Ibu dhisik mbok menawa ora angsal piye?”pitakonku maneh marang Aliya.
“ora usah Za…ben dadi surprise kok. Mesthi dipangestuni lah,
Ibu rak weruh klawan pepenginmu ta.”
“Ah…Aliya,bener banget kowe.”ucapku
sraya mlaku karo Aliya menyang kantore Bu Nyai.
*******
Telung minggu sawise, aku lan para santriwati liyane
padha upyek ngadhepi ujian kanggo study ing
Yaman. Ujianane pancen akih banget, wiwit tes apalan juz,tes tulis, tes wawancara,lan sapiturute. Banjur tiba
dinane pengumuman…
“Za…Zahra…”kanthi mlayu Aliya marani aku.
“Kenapa Ya?”kok sajake penting banget
“Ko…ko…kowe…..”
“Aku kenapa Ya, alon-alon ngomonge.”
“ko…kowe lan aku lulus, bakal study ning Yaman.”
“Ha..lulus???Yaman??”
“Iya…aku seneng bangeeet..”Olehe Aliya ngomong sampe
nangis saking senenge.
******
“Halo…Assalamulaikum,”uluk
salamku nalika telpone diangkat
“Waalaikumsalam…”wangsulane wong ing
sebrang telpon
“Bu, niki Za…”
“Za,cah ayu…piye ndhuk ana apa,kok
dengaren nelpon?”
“Bu…kula wonten pawarta kang
nyenengake…Bu,kula ketrima study ing negri Yaman Bu. Bu,kula seneng
sanget.”ucapku tanpa mandheg.
“Yaman iku ngendi ndhuk?”pitakone
Ibu,aku krasa Ibu ora patia seneng.
“Yaman,iku timur Tengah,Bu….arep
sami kaliyan Arab.”
“lhah,kok adoh nemen ndhuk?”
“Ibu pangestu ta, Ibu mesthi ngerti
niku gegayuhan kula wiwit biyen.”
“Ya ndhuk, Ibu ngerti. Nanging
mengko tak rembugan karo Bapak dhisik.”wansulane Ibu kang gegirisi atiku.
“ngih Bu,kula ngertos.
Assalamualaikum…”
“Waalaikumsalamm,”klik….swara telpon
mati.
*******
Wis seminggu saka nelpon Ibu, Ibu
durung weneh kapestenan apa-apa.Atiku katon was-was mbokmenawa Ibu ora
mangestoni kepriye,apa aku lila meruhi kanca-kanca padha ing Yaman sawetara aku
ing kene,apa maneh Aliya.Ah,pikirku tutuk ngendi-endi.
“tok…tok….Assalamualaikum,”
“Waalaikumsalam,”wangsulanku kanthi
cepet-cepet busak luh lan bukake lawang.
“Bu.Nyai…monggo pinarak!”aturku
kanthi nyembah tangane Bu.Nyai.
“Ndhuk,Ibu arep ngomong sedhela karo
kowe,rak pareng ta?”
“Nggih Bu,kula sumanggakaken,”aturku
minarakaken Bu.Nyai lenggah.
“Ngene ndhuk,kowe rak ketrima study ing Yaman ta,piye seneng ndhuk?”
“Kula nggih remen sanget Bu, awit
menika pancen gegeyuhan kula wiwit kula nyinau wonten ngriki.”
“Ndhuk,Ibu rak tau ngendika menawa
pangestune Allah iku gumantung kaliyan pangestune tiyang sepuh ta?”
“nggih Bu.Nyai, ananging kula kok
boten mudeng.”
“Ngene ndhuk, mau Ibumu nelpun.
Panjenengane ngendika menawa boten ngersakake kowe lunga menyang Yaman, awit
Bapakmu ya ora pangestoni.”
“hik…hik…banjur kula kados pundi
Bu?kula kedah pripun Bu? Menika gegayuhan kula.”
“Ndhuk,Ibu ngerti yen kowe mesthi
pengin banget. Ananging menawa wong tuwamu rak mangestoni, malah rak bakal
berkah ta.Ibu pitados wong tuwamu duwe alesan ndhuk,”wejang Bu.Nyai kanthi
ngrangkul awakku.
“Kula…kula…pitados
Bu,”wangsulanku,sanalika aku ambruk lan semaput.
*******
Ah..iki wis seminggu olehku ning
omah, awit aku pancen rada anyel karo Bapak lan Ibu awit ora ngersakake aku study ing Yaman.Aku nembe ngerti menawa pancen
ana masalah kang abot banget ing Omah.
Esuk iki krasa adem banget,langit
rada mendung nanging isih kesinar sang surya. Gemrojoging banyu kulah katon
ngramekake swasana esuk iki. sawetara swantene Bapak kang isih ngaji malah
tansah gawe tumelesing ati. kahanan kaya ngene malah gawe aku males tangi lan
ngrewangi gaweyane Ibu.
Prang….keprungu
swara piring pecah
“Buk…wonten…,” durung bar olehku
pitakonanku banjur keprungu
Pemirsa…kabar terbaru pagi ini.
Dikabarkan bahwa pesawat yang ditumpangi oleh rombongan
pelajar Pondok Assiah Jawa Timur, menglami kecelakaan. Pesawat mengalami
kecelakaan setelah menabrak tebing dalam perjalanannya menuju Negeri Yaman.
Semua penumpang dikabarkan tewas,dan masih menunggu konfirmasi dari pihak
penerbangan terkait…
Saknalika sirahku mumet banget,
sawanganku saya suwe saya peteng, isih keprungu sawara pewaos berita kanthi
lirih banget, banjur swara Ibu kang gembor-gembor, ujug-ujug swara Bapak ngaji
mandeg lan kabeh dadi peteng….
“Za….Zahra... sadhara ndhuk,”
keprungu swantene Ibu kanthi muwun.
“Ibuuuuuu……,” Gemborku nalika wis
sadhar lan langsung ngrangkul Ibu
“Bu....pondok,Bu…Aliya pripun,Bu?santri
liyane pripun,Bu..Bu…huhu,”
“Sabara
ndhuk, muga Gusti paring keslametan.”
“Iya ndhuk…donga sing akih, kabeh
mesthi ana hikmahe,”piwelinge Bapak marang aku
“Maturnuwun Pak, Buk. Maturnuwun
amarga panjenengan menggak kula nderek ing Yaman, menawi boten kula boten
ngertos malih….,”aturku kanthi sungkem marang Bapak lan Ibu
“Bapak lan Ibu pancen rada rak penak
ati kala iku ndhuk, Gusti isih paring welas lan rahmatipun marang
kowe,”pituture Bapak.
Esuk kang maune adem ayem kala mau
dadi katon gegirisi ati, kabeh tangis lan syukur nyampur dadi siji sanalika
iku.Udan ujug-ujug tumiba, langit kanga asale padhang dadi ketutup mendung
peteng. Aku sakuluwarga banjur kirim dedonga kanggo para korban kecelakaan kan
ora beda wong-wong kang daktresnani.
*******
0 komentar:
Posting Komentar