Pages

Ads 468x60px

Kamis, 12 Juni 2014

Aja Ngasi!!!

Panjenengan kang dadi katresnanku
Ajak geyauhanmu kang dhuwur iku
Aku, aku ning kene uga golek ngelmu

Aku mung isa ngarep mas...
Ngarep ing sawijining Dina
Sliramu ngadhep ing Abahku

Kanthi nangis bakal tak rungakna omongmu
Omongmu marang Abah,
Pengarepmu khitbah awakku

Bakal tak enteni wektu iku mas
Aku ora ngarep prasetyamu
Nanging aku janji bakal prasetya marang atiku

Karo lintang kae aku mung isa omongan mas
Omongan yen aku tresna kowe
Omongan yen aku kesengsem esemmu

Sajak beda atiku lan atimu mas
Nanging Gusti iku mung siji
Gusti siji ing atiku lan atimu
Njur kenapa mesthi beda??


L
ingsire sang bagaskara pratandha yen wengi sedhela maneh nyambangi bumi. Sanalika wulan sabit katon gumuyu alus meruhi lintang-lintang kan gumebyar ing langit. Ing sawijing omah ana kahanan kang beda, kahanan kan rame nanging nentremake ati sapa wae kang ngrungokake. Omah iku omahe H. Imran Ali kang ora dudu yaiku bapakku.
            “Dhuk, kok anteng wae kawit mau ta?”celuke Bapak marang aku lan nglereni sedhela olehipun ngaji. Sanalika buyar lamunanku, aku banjur mencat saka lungguhanku lan cepet-cepet murugi Bapak.
            “Nggih Pak, pripun?”pitakonku  sok ora mudeng kang dingendikanke Bapak. Bapak pancen salah sawijine ulama ing desaku, mula babagan ngibadah pancen dheweke open banget.
            “lho, piye ta dhuk, kowe apa ora ngaji?”pitakone Bapak kang malah tak wangsuli karo guyu. Aku pancen rada wegah dina-dina iki amerga kakehan tugas sekolah.
            “He..he..Nggih pak kula kesupen,”wangsulanku kanthi ngadheg lan banjur mlebu senthong saperlu             “Dhuk, aja ngasi mbok tinggal olehmu ngaji amarga menawa wong islam wis wegah ngaji lan ngaos bakale islam muspra. Elinge perjuangane rasul, lan para ulama olehe gawa agamane Allah iki,”keprungu piwelinge Bapak kaya mamgkono aku mung nangis. Aku gela banget olehe lakuku lan ing sajroning ati aku janji ora bakal wegah maneh ngaos lan ngaji.
******
            Esuk-esuk aku wes gragapan olehku ape mangkat sekolah. Aku pancen bocah kang kena diarani seneng telat amarga pancen ngono bendinane,mula kau wis diapal bangettkaro guru pike ting sekolahan.
            “Farizatul Husna, mrene!”perintahe Bu.Ambar guru piketku. Sanalika iku aku kang isih ngos-ngosan amerga mlayu kapeksa mandeg lan marani panjenengane.
            “Nggih,Bu,”ujarku nalika wis ing ruang piket. Ruang kang ora pati amba iki pancen dadi momoke para siswa, siswa sing gawehane mlebu rene mesthi bocahkang beler, klebu aku.
            “Husna, telat maneh. Piye arep alesan apa maneh saiki?”pitakone bu.Ambar. Atiku deg-degan wis kaya diinterogasi polisi, kanthi kemringet gobyos aku mikir alesan kanga arep takajuke marang Bu.Ambar.
            “hehe…sepedha kula bocor Bu,”wangsulanku srada wedi,nanging iku pancen alesan kang bebenere. Sanajan seneng telatan nanging aja nganti aku ngapusi, iku piwelinge Bapak.
            “Alesan apa tenanan iku?”pitokone Bu.Ambar karo guyu polahku kang keweden. Aku weruh bu.Ambar mesthi percaya mbi aku.
            “saestu Buuu….!!”wangsulanku kang asile wis tak kira menawa aku diparengake mlebu kelas. Banjur kanthi mlayu aku nuju kelas XI-IPA 2 kang panggone ing lantai 2, pojok.
******
`           “Lukman, mau jare Yuni kowe nggoleki aku?”pitakonku nalika ketemu Lukman kang kelase ana ing jejere kelasku.
            “Oh iya Husna, aku meh ngabari mengko ana rapad saperlu ngrembag babagan pengetan Isra’ Mi’raj,”Wangsulane Lukman kanthi alus. Lukman iku ketua rohis ing sekolahanku, bocahe alus, pinter banget, lan sholeh mula akeh banget bocah wadonkang kesengsem dheweke.
            “Oke Akhi….insyaallah mengko aku teka,”wangsulanku cekak. Aku srada grogi ing sacedhake dheweke, mula aku cepet-cepet pamit nuju Mushola. Wonge mung guyu ngulati tingkah polahku banjur tanpa aku ngerti dheweke ngetutake mlakuku nuju Mushola mau.
******
            Wiwit aku mlebu SKI (Seksi Kerohanian Islam) ing sekolah, aku pancen wiwit cedhak karo Lukman kang ora beda ketuane. Aku wiwit ngenal lan ngerti sipat-sipate dheweke, aku uga kerep debat babagan agama karo dheweke. Mula kabeh iku kang gawe aku lan dheweke saya cedhak.
            “Veraa…piye menurutmu?”pitakonku njaluk pendapat babagan aku lan Lukman. Aku bingung, aku ngerti sakjane iku ora patut amerga aku lan dheweke iki wong rohis, menawa bocah-bocah padha ngerti mesthi bakal geger lan ngecap rohis iku elek.
            “duh, kok isa Na, sangertiku kowe lan Lukman iki islame padha kuwat og, kok mlah kaya ngene dadine,” wangsulane Vera kang uga bingung.
            “Lha embuh, aku ya ora ngerti. Kabeh ki mlaku wae og, ngiraku ya smsan biasa, jebul dadi katresnan kaya ngene. Njur aku kudu piye Ver?”
            “Ya wis Na, samlakune wae. Angger kowe isa njaga ati wae, aja nganti pacaran lho  ya, besuk wae nek  pancen jodho langsung nikah. Anggep wae iku masmu apa piye lah..hehe,” wangsulane Vera kanthi guyu nyekikik, sajake jeh ora percaya karo kedadeyan iki.
******
Setunggal warsa slajengipun…
            Saiki aku wis munggah kelas XII, kabeh klebu aku wispada leren kegiyatan lan fokus olehe ngadhepi ujian. Kamangka ngana aku isih cedhak karo Lukman kang tak anggep masku, malah aku tau lunga karo dheweke ndheleng kirab budaya ing alun-alun.
            “Mas Lukman, kula badhe ziarah wonten Menara Kudus kaliyan Vera, apa sampeyan gelem ndherek?” mangkono isi smsku kang tak kirimke Mas Lukman.
            “Iya dhik, aku isa melu. Mengko angger kabari maneh ya ^^,”balese Mas Lukman.
            Mula dina minggune Aku, Mas Lukman, lan Vera bareng-baren nuju Menara Kudus. Kahanan ing kana rame banget, akeh peziarah kang padhe teka saka luar kitha. Kabeh padhe mrene sperlu golek wasilahe kanjeng sunan. Akeh uga para santri pondok kang dolan mrene saperlu dolan utawa mung golek panggonan kanggo deres* quran.
            Sawise antri rada suwe banjur aku lan Vera golek panggonan saperlu maca yasiin lan tahlil. Ananging Mas Lukam kang tak ajap bakal mimpin tahlil malah golek panggonan dhewe. Aku srada kaget ngingeti kedadeyan iki, ing sajroning ati kebak olehku mikir apa sebabe, dakkira dheweke nesu amerga aku ngejak Vera apa piye.
            “Mas, sampeyan ora nesu ta?” pitakonku nalika wis ing jaba makam.
            “Loh, nesu kenapa ta dhik, masmu iki ora kenapa-kenapa lho kok ndadak kowe mikir kaya ngana ana apa?”wangsulane mas Lukman alus.
            “Hehe…ora papa kok mas, sajake aku wae kang rada error dina iki,”wangsulku sanajan isih dadi penggalihan kedadeyan mau. Mas Lukman mung guyu lan ngelus sirahku alus.
******
            Esuk iki krasa adem banget,langit rada mendung nanging isih kesinar sang surya. Gemrojoging banyu kulah katon ngramekake swasana esuk iki. sawetara swantene Bapak kang isih ngaji malah tansah gawe tumelesing ati. kahanan kaya ngene malah gawe aku krasa ora penaak ati. Wiwit kedadeyan ziarah ika, aku dadi kepikiran terus marang Mas Lukman.
            “Halo Na, iki vera. Oh iya, aku lali ngomong jebul Lukman iku sakjane ora gelem ziarah amarga pancen kepercayaane kaya ngana, beda karo kowe,”omonge Vera ing telpon kang gawe kageting ati. Sanalika langit kaya jugrug ambrug, kembang-kembang ati kang wis tak tandur dadi alum lan garing. Weruh ngana, aku langsung nutup telpon lan  langsung matur marang Bapak.
            “Abah, kula badhe nyuwun pirsa ah,”maturku kanthi aleman marang Bapak kang nembe lenggah ing kursi goyang lan ngunjuk kopi.
            “Takon apa, kok sajak isin barang. Angger omonga,”wangsulane Bapak isih ngunjuk kopi alon-alon, sajake kepenek banget.
            “Abah, menawi benjang kula nikah kaliyan ingkang beda aliran islame, dos pundi Abah?”pitakonku tansah ati-ati. Bapak langsung kaget, kopi kang nembe diunjuk Utah, sanalika pasuryane Bapak nyampur antarane bingung lan duka.
            “Aja ngasi…Aja ngasi kowe kaya mangkono.Aja ngasi dhuk, Bapak ora bakal mangestoni!”wangsulane Bapak teges. Aku ngerti menawa Bapak wis ngendika “Aja Ngasi” artine Bapak pancen ora seneng lan ora isa dibantah.
            “Ananging kang sami islam Abah, lajeng menapa ingkang dados perkawis?”
            “Ya Allah dhuk, kowe kok isa duweni pikiran kaya ngana saka ngendi. Apa Abah tau ngajari kowe kaya mangkana,”wangsulane Bapak tansah srada gregeten.
            “Nggih boten ngaten Bah, kula mung pengen mangertosi alesanipun kok, menawi kathah tiyang ingkang fanatik kaliyan kapitadosnaipun nanging asline melu-melu.”
                        “Oalah…anakku wis gedhe, wis isa takon rena-rena barang. Ngene Dhuk, rungokana Bapak ngendika. Bapak iki ora fanatik, ananging luwih becik yen karo wong kang padha cara ngibadahe karo awake dhewe, supaya ora angel olehmu nglakoni sekabehane. Awit percaya iku saka ati, nek beda ya angel digawe padha,”piwelinge Bapak kanthi ngelus sirahku kang sepisan meneh gawe mbrebesing ati.
            “Inggih Abahe Husna, Husna ki mung nyuwun pirsa lho, boten usah digawe penggalih.hehe,”ujarku marang Bapak kanthi ngrangkul dheweke. Saiki saya cetha yen isih kurang ngelmuku, aku dadi kepingin ngaos ing pondok.
*******
            Sawise pengumuman lulus SMA, atiku ayem banget wis ketrima ing salah sawijine Universitas Ing Semarang, dene Mas Lukman pancen kepengin banget dadi Arsitek, saiki golek ngelmu ing Universitas Bandung. Ing longgaring dina ngenteni mlebu kuliyah perdana, aku netepi pepinginanku mondok ing Ponpes Yasiin Kudus. Olehku mondok pancen ora ngomong sapa-sapa klebu mas Lukman ya ora weruh, aku pancen kepingin ngadhemke lan nata ati. Banget isinku ing pondok ngingeti para santriwati kang padha pinter ngaji, alus bebudine, lan ingkang tambah gawe gregesing ati nalika ngulati santriwati kang padha njaga paningale. Dheweke padha nunduk lan mlayu nalika ketemu santri lanang, tansah nancep ing ati nek ngelingi aku kang ngaku-ngaku bocah rohis malah nglakoni ora patut, katresnan karo mas Lukman.
            “Mbak Ani, menapa kok nek ketemu kang pondok liyane padha mlayu ta, kok malah ora diceluk wae?”pitakonku sawijining dina karo salah sijine santriwati nalika nembe diskusi ing mesjid pondok.
            “lho, iku jenenge gadul bashar dhik, njaga pandangan. Menawa ngulati kang ora muhrime iku dosa, kan tau krungu ana omongan yen tresna iku saka mripat mudhun ing ati. Nah Mbak iki wedi dhuk nek saka ngulati iku nuwuhake nepsu kang ora pantes, Mbak wedi nek Allah duka,”wangsulane Mbak Ani kang tansah kaya nampek pipiku. Sanalika aku mlayu nuju ing senthong lan nangis. Kabeh kedadeyan ing pondok iki tansah nyadharke awakku yen tresna kang sejati mung karo Gusti, yen aku kudu akeh ngelmu lan ngaji supados tentrem ati iki.
            Kanthi isih nangis aku arep nulis layang kanggo mas Lukman, aku wis ora isa nerusake kahanan kaya mangkene, kahanan kang ora ana juntrungane, kamangka aku isih bodho, ngelmuku isih cethek babagan agama, apa maneh wis mesthi kahananku karo mas Lukman bakal dipenggak Abah.

Kagem Mas Lukman….
Panjenengan kang dadi katresnanku
Ajak geyauhanmu kang dhuwur iku
Aku, aku ning kene uga golek ngelmu
          Aku mung isa ngarep mas..
          Ngarep ing sawijining Dina
          Sliramu ngadhep ing Abahku
Kanthi nangis bakal tak rungakna omongmu
Omongmu marang Abah,
Pengarepmu khitbah awakku
          Bakal tak enteni wektu iku mas
          Aku ora ngarep prasetyamu
          Nanging aku janji bakal prasetya marang atiku
Karo lintang kae aku mung isa omongan mas
Omongan yen aku tresna kowe
Omongan yen aku kesengsem esemmu
Sajak beda atiku lan atimu mas
Nanging Gusti iku mung siji
Gusti siji ing atiku lan atimu
Njur kenapa mesthi beda??
         
                   Kang nata ati

                    Farizatul Husna

            Layang mau tak waca bola bali kanthi rembesing tangis. Sesuk nek aku ketemu dheweke bakal tak wenehna layang iki, layang kang dadi serating ati.

0 komentar:

Posting Komentar