Pages

Ads 468x60px

Kamis, 12 Juni 2014

gumuyune wengi


Wengi iki aku ora isa merem…
Tikus-tikus glodhakan ing lumbung pari kang kothong blong
Tetesing banyu udan wis kaya kudeta napoleon
Apa maneh swara kresek…kresek saka radio lawas iku jan kegawa impen
Angin uga melu ngoyak dhebog gedhang ing kebon buri
Tanpa isin, sang Wulan sabit isih gumuyu marang kahanan
Jan…edan tenan wengi iki
            Weruh-weruh aku tangi…
            Ora tangi amrerga swara jago kluruk kan nangike Bandung Bandawasa
            Ora uga amerga Azan ing Musala nagrep
            Ora..ora…..Anakku nangis jaluk susu
            Ora…ora…Mbakyune durung bayar spp telung sasi
Aku tangi, mung gumuyu
Nyetel radio lawas kang nyiarake mundhake rega beras
Nyawang korang bungkus gorengan, hem.. foto presidhen gumuyu
Tak Pisuh foto bapakke kang ora tau bali
Lan gumuyu maneh…


0 komentar:

Posting Komentar