Pages

Ads 468x60px

Selasa, 24 Juni 2014

Manunggal

Duh cah ayu, tresna apa iki
Kowe lan aku ra tau ketemu
Namung mripat kang sawang-sinawang wengi iku
Cahyamu cemlorot ing kolong langit rikala iku
     Sepisan aku nemokake cahyamu, aku ora tau lali maneh
     Esemmu kang dadi esemku sateruse
     Ing ramening kahanan aku uga ora tau kelangan mripatmu
     Tresna apa iki?      
Apa bener Ciptaku  kanggo kowe lan kowe kanggo aku
Tresnaku lan tresnamu pancen manunggal
Manunggal roh lan jiwa
Nyawiji ing asmane Gusthi
Nanging siji, aku ra ngerti jenengmu cah ayu…

Jebul kabeh nggur impenku..

0 komentar:

Posting Komentar