Gemuyu
lintang-gumlintang keprungu pangajabku
Suket-suket
isih padha jejogedan ora preduli
Bekicot
isih kabotan nggotong omahe
Langit isih gumantung mendung
Gumricik udan isih rikuh nguluk salam
Sawetara kodok wis pensiun olehe ngorek
Nanging…
Aku
isih mlaku ngalor-ngidul
Isih
luru wangsulan pitakonku
Isih
ora genah penggalihku
Ana apa donya????
Gemborku
ora marakake wansulan…
Meneng kabeh, sepi tanpa swara
Ana apa donya???
Meneng…
Ah…aku
bingung
Mesthine
pancen ora ana pitakonan
Apa
benere ora ana wangsulan
Mesthine
kan bener yaiku “ Ana apa karo kahananku?”
0 komentar:
Posting Komentar