Pages

Ads 468x60px

Kamis, 10 Juli 2014

Resensi Kalangwan

Resensi Buku
 A.  Identitas buku
1.      Irah-Irahan                        : Kalangwan ( Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang )
2.      Anggitanipun        : P. J. Zoetmulder
3.      Penerbit                 : Djambatan
4.      Taun terbit             : Cetakan I 1983
  Cetakan II 1985
5.      Kutha terbitan       : Jogja
6.      Kandeling buku    : 648 kaca
7.      Bab VII                 : kaca 298- 315

Sastra Jawa ingkang misuwur kaliyan asil karyanipun inggih menika kalampahan awit fase Jawa Kuna, Jawa manengah, lan Jawa Modern. Naskah-naskah kuna kadosta kakawin Ramayana, Arjunawiwaha, Hariwangsa lan sapanunggalanipun.
Indonesia ugi boten saged uwal saking kesenian, kesenian menika kangge ngandharaken penggalihipun, nuduhaken bangsa lan budayanipun. Sakmenika, tasih kathah naskah-naskah  kuna ingkang kajagi, ananging perkawis sarana Basa dadosaken karya menika boten saged dipunnikmati kathahing tiyang. Inggih menika Prof. Dr. Petrus Josephus Zoetmulder, ingkang mios wonten ing Utrecht, Negri Walanda wonten tanggal 29 Januari 1906 ingkang ngawontenaken studi babagan naskah kuna. Panjenengange nyerat studi lan penelitenipun babagan Sastra Jawa wonten buku Kalangwan.
Wonten buku Kalangwan bab VII, panyerat ngandharaken babagan cariyos Arjunawiwaha saking panalitenipun . Wonten ngriku dipuncariyosaken kados pundi Arjuna inggih menika manungsa bumi saged mulakrama kaliyan Suprabha, Dewi Kahyangan kang banget ayune.
Dipunserat kanthi cara nyariosaken inggih menika awit Raja Indra ingkang nyuwun pitulungan kaliyan Arjuna kangge mejahi Niwatakawaca. Niwatakawaca inggih menika raksesa ingkang ngrisak surge, kratonipun Indra.
Lajeng kangge mangertosi sejatosipun Arjuna. Panjengane kang nembe mertapa wonten Indrakila diuji dening Indra, diuji kaliyan widadari-widadari kang banget ayune ananging boten kenging. Diuji kaliyan sanesipun ngantos panjenengane kagungan gandewa pasopati saking Dewa Siwa. Arjuna lajeng paring pitulungan kangge Indra mejahi Niwatakawaca lan saged Mulakrama kaliyan Dewi Kahyangan, Supraba kangge hadiahipun.
Diserat kanthi nyariosaken menika, pewaos kayata wonten ing sajroning cariyos, pewaos saged nderek ngarosaken, aweh pinalaripun. Panyerat ugi ndeskripsekaken carriyos Arjunawiwaha saking asal-muasalipun saengga pewaos saged mangertosi cariyos menika awit dhasaripun
PJ. Zoetmoelder kang lulusan saking Rijksuniversiteit Leiden, Negeri Belanda (1931-1935) lajeng sinau  doktoral dalam wonten satra Indonesia. Piyambakipun nyerat Arjunawiwaha ugi saking panaliten-panliten sanes  kadosto panaliten saking CC.Berg, Van Stein Callenfels, Poerbatjaraka. Saking menika saengga pewaos saged mbandingaken Arjunawiwaha kang diserat kanti akehing versi, lajeng saged bentenaken lan nguda rasa piyambak-piyambak.
Zoetmoelder kang nyerat Kamus Jawa Kuna paring pamanggih menawi Arjunawiwaha kang diserat dening Mpu Kanwa sejatosipun sarana Legitimasi Pemerintahan raja Airlangga, Awit taun1028-1035 kang saged ngalahaken mungsuhipun Raja Wengker. Lajeng dipunserat kanthi syair-syair minangka fiksi historis kang asring diginaaken kangge ngandharaken kasunyaatan masyarakat Jawa Kuna, khususipun lingkungan kraton.
Ananging Basa kang diginaaken panyerat katon angel,inggih menika ngginaaken basa arkhais utawi basa india kang angel dipahami tiyang awam kadosta manggala pujian, Rudra, Air amrta,lan sapnunggalanipun. Panyerat ugi boten nglampiraken teks aslinipun Arjunawiwaha,lan teks sanesipun saengga sudut pandaang pewaos gumantung kaliyan sudut pandang panyerat.
Buku kalngwan ingkan diserat PJ.Zoetmulder menika sae menawi dipunwaos kaliyan Dosen, Mahasiswa utawi sainggilipun awit isi lan basanipun ingkang inggil.


0 komentar:

Posting Komentar