Pages

Ads 468x60px

Kamis, 12 Juni 2014

Piceke Ati


Ngubenging donya iki
Tansah lumaku kaliyan rasa
Rasaning sukur lan asor
Pralambang awujud marang Gusti

Rasaning raga, raganing rasa
Amanunggal marang Sang Hyang
Anggabdi ing manah abdi
Tansah lumaku ing soma-respati ku

Ing 1/3 nelingsir wengi
Sawang sinawang marang kang nitih kencana
Nyebar rahmat kanggo kang tangi
Kang nelesi rai karo banyuning surga

Ing 1/3 lingsiring wengi
sumeleh ati…sumeleh jiwa
nalika kabehing awak tumemplek lemah
aku kelingan pati...

Ngawiti meleke raga, jiwa, lan sukma
Klawan dzikir marang marang pengeran
Ingkang tansah paring panguripan lan kabegjan
Ingkang tansah paring sesandhangan iman lumawan jiwa
      Yen dirasa, akih kang krasa
      Krasa wis apik uripe, apik imane
      Yen dipikir, akih kang seneng mikir
      Mikir eleke liyan,tanpa weruh bosoke dhewe
Duh…
minangka padha apal qur’an hadiste
Nanging ora tau digagas lan diamalke
Ya, Namung sulaya blaka ta
      Mumpung durung keblanjur
Mumpung isih isa ngrogoh ati
      Yo, para kanca padha gegandhengan
      Bebarengan ngaji hakikat urip
Njur…
Mungkasi unjaling napas klawan sektine kalimat loro
Mangertosi sejatine pati jroning urip, lan pati jroning urip

Mesthia padha waspada lan mawas diri

0 komentar:

Posting Komentar