Aja nganti kablanjur
Ing polah kang ora jujur
Yen mangkono bakal ajur
Aja nganti keli
Ing kahanan kang
ora mesthi
Yen mangkono bakal
lali marang jati dhiri
Aja dipethik
Ing polah kang ora becik
Becik ketitik ala ketara
Mula dadia wong
kang mulya
Ngerti samubarang
kardi
Ngerti Kahanan lan
ngahanani
0 komentar:
Posting Komentar