Wengi tansah wengi…
Ana bocah-bocah padha
gojegan karo sang Wulan
Padha gemuyu ngoyak swara
Aku ora nyangka saka kene ketemu
Mung saka kertu-kertu kang ora jelas paranne
Kaya poker kang loro raine
Kaya Waru kang biru sangkaku
Saya wengi ati saya
entek…entek ngelmu
Kowe lan aku padha rebutan
ngisi banyu
Aku pengen serat kowe
pengen suluk
Pungkasane keduman rata
Aku percaya iki
dudu kekancaan biasa
Iki bab
kekancan urip, sinau urip
Aku lan kowe
K.P.R.T sedulur K.P.R.T
0 komentar:
Posting Komentar