Pages

Ads 468x60px

Tampilkan postingan dengan label cerkak. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label cerkak. Tampilkan semua postingan

Kamis, 12 Juni 2014

Bintang Lintang Ing Atiku

Bintang Lintang Ing Atiku


Wengi iki langit katon padhang
Gumebyar warna-warna sunaring lintang
Ananging Namung siji kang gawe pepadhange ati
Nalika nyawang sliramu Bintang

Bintang Lintang ing atiku
Tansah tak puja sliramu
Pasuryamu ngadhemke atiku
Esemmu sing tak sungging ing pikirku

Bintang lintang ing atiku
Sliramu kayata lintang kang gumatung ing awang-awang
Sliramu tansah adoh saka kasunyatan sawangan
Aku mung ngarep sliramu tanpa isa nyekel atimu
Bintang lintang ing atiku
Nyatane tresnamu wus nyawiji karo liyan
Nyawiji nganti kepati-pati jaremu
Ya, tresnamu mung Gusti benere

Bintang lintang ing Atiku
Bener , tresna kang sejatos tresna pancen marang Gusti
Tresna kang bener anane pancen Gusti
Kaya kandhamu wengi iku Bintang
Lan Lintang tansah gumyebyar guyu pitakonku...


S
 
rengenge katon nlingsirake suryane kang paring pepadhang kanggo bumi tanpa sambat lan pamrih, langit uga katon biru laut ngambar mega-mega kraton ing ati, ora gelem kalah manuk-manuk cilik ajak-jakan golek suara saka suket kang seger tumeles embun.
Dina iki dina special kanggo mudha-mudhi, mudha-mudhi kang lagi kasmaran, kang lagi katresnan
marang kancane utawa kanggo wong kang disayang. Tanggal 14 pebruari, dina kang jarene dina kasih sayang. Mbuh piye critane, awit nganut budaya barat dina iki dadi perayaan kang dipengeti ing sak kabehe donya.
Semono uga kang dialami dening Putri,dheweke siswi kelas 3 salah sawijine SMA ning Kudus. Putri pancen bocah kang ayu banget mula akeh kang tresna karo dheweke, sakliyane iku putri uga bocahkan pinter lan apik karo sapa wae.
“Putriiiii……..,” celuke Fita lan Indri esuk iku nalika putri mlebu kelas.
“ Eh…eh…ana apa ta, sajake kok geger banget ?” jawabe putri katon bingung.
“wis ta gak usah kakean takon…cepet rene,” ujug-ujug Fita nggeret Putri mara ning bangkune.
“Taraaaaa.…Putri, delengo kowe entuk coklat akeh ki,” ujare indri lunjak-lunjak
“colkat, saka sapa?” wangsule putri ra gagas.
“Ya saka cah-cah lanang sing ngefans kuwi ta Puuut…”
“oh…”
“Ha, mung oh…banjur coklate piye Put, jaluk siji ya?”
“Nek gelem jikuk kabeh Fit, aku emoh,” wangsule Putri langsung metu saka kelas.
***
Saknalika iku Putri langsung metu saka kelas, mlaku karepe dewe. Ngalor-ngidul akhire Putri mandek ning sawijine pojok kelas. Dheweke ngingeti sawijine bocah saka kelas iku, dheweke pancen bagus banget lan wis suwe Putri seneng karo bocah iku nanging dheweke ora wani ngomong.
“Assalamualaikum…Putri kok ngadeg ning ngarep kelas arep golek sapa?” celuke Bintang ujug-ujug
“A…a..arep arep golek Mbak Ani ana?” wangsule klagepan amarga grogi
“Oh…Mbak Ani durung teka put, menawa sedela maneh.”
“Ya wis put, aku disik ya arep ning mushola,”pamite Bintang kang gawe Putri tambah bingung
Tansah isih kemringet Putri balik ning kelas karo ati kang ora karuan, sakjrone pelajaran dheweke mung meneng. Dijak omong kanca ora digagas, ditakoni ora jawab. Pikire mung ngawang-ngawang kedadeyan mau, nalika dheweke ketemu bintang, nalika dheweke mung isa ngeti tanpa isa ngomong.
“Put…put…kowe kenapa?” celuke Fita nalika kelas bubar
“Ora kenapa-kenapa kok.”
“Ora kenapa-kenapa kok kawit mau kaya ngono, apa kowe nesu coklatmu tak pangan aku lan Indri ?”
“Oraklah…aku ya rak seneng kok.”
“Lha terus kenapa, mbuk ya crita?”
“Tenan…ora ana apa-apa fit.”
Nanging ujug-ujug putri malah ambruk ning meja, banjur nangis sesenggukan.
Fitri bingung karepe dewe banjur nyeluk indri kanggo nulungi.
“Indriii….rene tulungi,” celuke fita karo indri.
“Ana apa Fit, ana apa?”
“ Ki, delenga Putri.”
“Masyaallah, putri kowe kenapa?”
“Embuh Ndri, aku ya rak mudeng ujug-ujug kaya ngene.”
“Put, nek ana masalah mbuk ya crita, kene mbuk anggep kanca ora?” Omonge Indri lan Putri.
“A…aku…bingung  Fit Ndri…aku bingung arep crita piye,” wangsule Putri sanajan isih nangis.
“Ya wis,crita alon-alon,” ujare Fita karo ngelus-elus Putri
“Aku seneng karo Bintang Fit…”
“Apa, Bintang?”Omonge Fita Kaget.
“Iya, aku seneng kawit kelas 1 Fit, Ndri.”
“Kenapa rak ngomong kawit biyen Put…Bintang ya seneng ambi kowe kok.”
“Jarene sapa ta Fit, aku rak percaya.”
“Temenan  Put, wonge tau ngomong mbi aku, tak kira wis ngomong karo kowe nanging mbuk tolak.”
“Bener iku Put, sapa ta sing gak seneng mbi kowe, wis ayu banjur apik sisan.”
“Apa iya?”
“ Iya Put…wis ora usah bingung ngomongo karo wonge mumpung valentine.
“Mosok aku sing ngomong?”
“Ora papa, ora jamane gengsi Putriii…kana ndang lunga.”

***

            Putri banjur mlayu golek Bintang, ora peduli durung raup, ora peduli isih nangis lan diingeti wong-wong. Dheweke Mlayu kati ati kang rada adem kaya ketetes banyu embun. Digolek Bintang ning kelase nanging ora ana, ning perpus ya ora ana. Putri ora putus asa, isih mlayu isih luru, kelingan mau Bintang pamit ning mushola dheweke muter balik nuju panggonan kuwi.
            “ Hosh…hosh…Bin…Bintang ,“ celuke Putri kanthi napas kang isih kemrungsung
            “Putri, kena apa ta kok mlayu sampe kaya ngono?”
“Aku….aku arep ngomong Bintang, penting!”
            “Ana apa Put, ngomonga?”
            “A…aku…aku…”
            “Aku..aku kenapa Put?”
            “Aku seneng karo kowe Bintang.”
            “Seneng..seneng piye aku rak mudeng.”
            “ seneng, tresna karo kowe. Jarene Fita kowe rak ya seneng aku barang ta?”
“Hee…sakdurunge maape Put, aku pancen tau seneng karo kowe biyen, biyen nalika aku durung kenal tresnaku kan asli, biyen nalika aku rak wani ngomong amerga minder. Pancen aku ngomong karo Fita, nanging aku rak bakal nyangka yen kowe ya seneng karo aku. Nanging, ngapuntene Put, iku biyen saiki aku wis ora seneng karo kowe Put, aku wis nemu tresnaku kang asli
               “Tresna kang asli, sapa Bintang aku pengen weruh?”
“ Allah Put, Rabbi ku kang nyata lan asli, tresnaku kang ora bakal nolak aku Put…tresnaku lan tresnamu sejatine ya kui Put..”
               “Ngapuntene ya Put,kowe mesti ngerti. Aku pamit ya.”

               Ya bintang lunga, lunga ninggalke Putri dhewekan. Ninggalke karo pitakonan kang akeh. Putri Isih bingung karo kedadeyan iki, lagi mau wae ati ayem krungu critane Fita nanging saiki sawalike. Tapi pancen bener, tresna kang nyata namung Gusti kan siji, Gusti kang tak karep manunggal karo atiku. Nanging sanajan ngono, Bintang kowe tetep dadi lintang ing atiku tekan besuk wektu iku.

Wulanku disosor Bebek


Fuuuh…..rasane angel  ambegan nek kene, mambu bacin kang mumpel ning irung gawe mumet. Ya, mambu kang bacin mau saka peceren…..utawa mbuh apa jenenge. Oh iya…mambu iku saka ambune sampah-sampah kang numpuk ning peceren. Aku saiki lagi wae ngadeg sak mburine jendela kamarku, ngadepi peceren mau. Adem ati ndelengi wulan kang kang andadari…ngeling-eling uripku kang nengsemke ati. Nanging iku masa lalu. Ya….wingi uripku katon adem lan ayem, kabeh kang tak pengin isa tak tuku, pengen dolan ngendi wae isa, kanca-kanca uga akeh kang meri karo aku. Nanging saiki, aku manggon ning gubug reot kang arep ambruk, kang ngadeg ning pemukiman kumuh. Rasanae ati nelangsa banget, rak nyangka bakal kaya ngene uripku. Fuih…..unjalku ambegan maneh. Saklebat kelingan maneh wektu iku.
            Rong taun kepungkur ….”Bu, aku mulih. Bu…aku ngelih, Ibu masak napa siang menika,?” ya ngono kuwi sing tak lakokake mulih sekolah. Rak mikir liyane, mesthi wis kecawis panganan kang eca-eca mulih sekolah. Aku isih lenggah kelas  3 SMA wektu iku ning salah sawijine sekolah favorit ing kuthaku. Ning sekolah aku diceluk Nita. Aku salah sawijine murid kang duwe prestasi, kang pinter lan uga ayu. Mula aku rada dikenal karo guru-guru lan murid liyane ning sekolah, beda karo masku Rafiq lan adhiku Dafa. Nanging aku ora sombong lan tetep asor karo sapa wae. Bapakku dadi pejabat pemerintahan kang duwe jabatan dhuwur lan ibuku ora kerja, cukup ngurus anak-anake ing omah. Ya, aku pancen saka keluwarga konglomerat real estate, urip kan jejibahan bandha tanpa wates. Bapak  uga ngajari aku kanggo apik karo sapa wae tanpa ngeti status social. Keluwargaku uga tansah naati aturan-aturan kang ana ing masyarakat, kabeh hormat karo keluwarga ku. Kurang apa maneh jal? Ya….aku lali,nyatane keluwargaku muslim kabeh nanging ora tau sholat. Aku ora ngerti apa-apa bab agama, bapak lan ibu ora tau ngajari aku sholat apa meneh bab Islam .Nyatane, sanajan ora sholat urip keluwargaku adem ayem lan ora kurang apa-apa.
            Ing sawijining dina, keluwarga ku oleh cobaan kang abot banget. Bapak difitnah korupsi dhuwit Negara Rp 3 Milyar. Ujug-ujug dhuwit semono mau wis ana ing rekeninge Bapak. Wektu bapak arep balikkae dhuwit mau, nanging ilang tanpa diduga. Aku mikir mesthi iku wong kang iri karo keluwargaku, luwih-luwih karo bapak kang sukses. Wiwit kedadeyan iku, kanca-kanca padha ngedohi aku lan ngece aku anak koruptor. Akhire kabeh bandha, omah disita kanggo ngganti dhuwit mau kang dikorupsi, nanging ora bapak, aku percaya karo bapak. Saya suwe uripku malih, aku lan keluwarga urip kaya gelandangan. Ibu saben dina ngamuk-ngamuk ora cetha. Aku bingung, ibu katon beda banget. Endi ibu kang sayang karo aku, kang sabar ngadepi aku. Akhire tanpa diduga ibu lunga tanpa pamit, lunga rindi aku rak weruh…ibu aku kangen.
            Urip sakwise saya abot, aku lan sedulurku manggon ing pemukiman iki. Banjur  bapak lunga arep kerja dadi TKI ning Malaysia. “Aku janji ndhuk, bakal mulih gawa dhuwit kang akih kanggo kuwe supaya isa urip sugih maneh..sabar ya,“ ngendikane Bapak wektu iku. Nanging…..iki wengi 365 nalika bapak lunga, lan Bapak durung wangsul. Huh….apa iki cobaan saka Allah, cobaan amerga ora tau sukur lan ngibadah.
            Huuh…wektu iki, aku isih ning walik jendela kamarku, ngelus rambut kang rak tau disampo, kumel, lan ketoh. Saka kene aku isa ndelengi cahya wulan saka peceren. Ujug-ujug, ”Wek…wek…wek…wek…soor…sooor…soor…”. Oalah wulan iku pancen disosor bebek. Cahya saka wulan kang endah mau ilang, bubar. Kaya uripku kang endah wingi, sakiki dadi butek kaya wulan kang disosor bebek ning peceren ngarep kamarku.