Pages

Ads 468x60px

Kamis, 12 Juni 2014

Wulanku disosor Bebek


Fuuuh…..rasane angel  ambegan nek kene, mambu bacin kang mumpel ning irung gawe mumet. Ya, mambu kang bacin mau saka peceren…..utawa mbuh apa jenenge. Oh iya…mambu iku saka ambune sampah-sampah kang numpuk ning peceren. Aku saiki lagi wae ngadeg sak mburine jendela kamarku, ngadepi peceren mau. Adem ati ndelengi wulan kang kang andadari…ngeling-eling uripku kang nengsemke ati. Nanging iku masa lalu. Ya….wingi uripku katon adem lan ayem, kabeh kang tak pengin isa tak tuku, pengen dolan ngendi wae isa, kanca-kanca uga akeh kang meri karo aku. Nanging saiki, aku manggon ning gubug reot kang arep ambruk, kang ngadeg ning pemukiman kumuh. Rasanae ati nelangsa banget, rak nyangka bakal kaya ngene uripku. Fuih…..unjalku ambegan maneh. Saklebat kelingan maneh wektu iku.
            Rong taun kepungkur ….”Bu, aku mulih. Bu…aku ngelih, Ibu masak napa siang menika,?” ya ngono kuwi sing tak lakokake mulih sekolah. Rak mikir liyane, mesthi wis kecawis panganan kang eca-eca mulih sekolah. Aku isih lenggah kelas  3 SMA wektu iku ning salah sawijine sekolah favorit ing kuthaku. Ning sekolah aku diceluk Nita. Aku salah sawijine murid kang duwe prestasi, kang pinter lan uga ayu. Mula aku rada dikenal karo guru-guru lan murid liyane ning sekolah, beda karo masku Rafiq lan adhiku Dafa. Nanging aku ora sombong lan tetep asor karo sapa wae. Bapakku dadi pejabat pemerintahan kang duwe jabatan dhuwur lan ibuku ora kerja, cukup ngurus anak-anake ing omah. Ya, aku pancen saka keluwarga konglomerat real estate, urip kan jejibahan bandha tanpa wates. Bapak  uga ngajari aku kanggo apik karo sapa wae tanpa ngeti status social. Keluwargaku uga tansah naati aturan-aturan kang ana ing masyarakat, kabeh hormat karo keluwarga ku. Kurang apa maneh jal? Ya….aku lali,nyatane keluwargaku muslim kabeh nanging ora tau sholat. Aku ora ngerti apa-apa bab agama, bapak lan ibu ora tau ngajari aku sholat apa meneh bab Islam .Nyatane, sanajan ora sholat urip keluwargaku adem ayem lan ora kurang apa-apa.
            Ing sawijining dina, keluwarga ku oleh cobaan kang abot banget. Bapak difitnah korupsi dhuwit Negara Rp 3 Milyar. Ujug-ujug dhuwit semono mau wis ana ing rekeninge Bapak. Wektu bapak arep balikkae dhuwit mau, nanging ilang tanpa diduga. Aku mikir mesthi iku wong kang iri karo keluwargaku, luwih-luwih karo bapak kang sukses. Wiwit kedadeyan iku, kanca-kanca padha ngedohi aku lan ngece aku anak koruptor. Akhire kabeh bandha, omah disita kanggo ngganti dhuwit mau kang dikorupsi, nanging ora bapak, aku percaya karo bapak. Saya suwe uripku malih, aku lan keluwarga urip kaya gelandangan. Ibu saben dina ngamuk-ngamuk ora cetha. Aku bingung, ibu katon beda banget. Endi ibu kang sayang karo aku, kang sabar ngadepi aku. Akhire tanpa diduga ibu lunga tanpa pamit, lunga rindi aku rak weruh…ibu aku kangen.
            Urip sakwise saya abot, aku lan sedulurku manggon ing pemukiman iki. Banjur  bapak lunga arep kerja dadi TKI ning Malaysia. “Aku janji ndhuk, bakal mulih gawa dhuwit kang akih kanggo kuwe supaya isa urip sugih maneh..sabar ya,“ ngendikane Bapak wektu iku. Nanging…..iki wengi 365 nalika bapak lunga, lan Bapak durung wangsul. Huh….apa iki cobaan saka Allah, cobaan amerga ora tau sukur lan ngibadah.
            Huuh…wektu iki, aku isih ning walik jendela kamarku, ngelus rambut kang rak tau disampo, kumel, lan ketoh. Saka kene aku isa ndelengi cahya wulan saka peceren. Ujug-ujug, ”Wek…wek…wek…wek…soor…sooor…soor…”. Oalah wulan iku pancen disosor bebek. Cahya saka wulan kang endah mau ilang, bubar. Kaya uripku kang endah wingi, sakiki dadi butek kaya wulan kang disosor bebek ning peceren ngarep kamarku.


0 komentar:

Posting Komentar