Gemresek
godhong Ing wana dandaka
Swara
jangkrik ngerik nambah ramening sawsana
Singide
wana jebul ngandhut widadari kahyangan
Saklebating mripat kidang kencana pamer
luwese
Sang Dewi kepencut atine
Wit-wit padha obah ora enteng
Pratandha kanggo kang meruhi
Wulune
emas, tipis alus kaya mega angkasa
Semlorot
mripate ginawa atiku
Kaya katiup
angin lumakune ing gegodhongan
Ora bisa
dienyak, kudu entuk kidang mau
Sang sita sedhih atine
Penggalihe tansah ilang separo
Ing ati kelingan kaendahan kidang kencana
Sang Rama
uga ora nganti ati
Kanthi
sepining sawasana nggudak kekarepanne Sita
Kidang
kencana mesthi bakal dadi bebukti tresnane marang Sita
Kabeh
lumaku kanthi takdir kang ora diweruhi
Angin sembribit nyebar sajroning wana
Sang Kidang kejemparing ulune
Swara
gembore gegirisi ati ing kadohan
Sita
gumletak diboyong rahwana…
0 komentar:
Posting Komentar