Mega
mendung kang gumantung ing bumi sekaran
Lazuardi
isih geguyon marang dewa udan, lali
Bocah
loro lumaku kanthi ayu
Sumebyar
kayata srikandhi nyolong stroberi
Swara
emprit tansah ngiringi ngelmuku
Lungguh, leren
Kotak-kotak kayata jokowi
Semlorot cahyane kaya Arjuna
Mbabar ngelmu kaya Abiyasa
Tinitah Agung saka panguwasa
Bocah
Ayu, ora duwe dosa
Stroberi
dijikuk kanggo lazuardi
Biru
kaya janur iku
Mbengkelung
sadalan-dalan ngundang angin
Tangan madhep awang-awang
Slendang biru bros kembang mawar
Esemku krungu “seet”
Noleh…selendangku nyatane isih putih kang?
Mau sapa? Esemku ilang ngendhang angin
maneh
0 komentar:
Posting Komentar