Ngubenging
donya iki
Tansah
lumaku kaliyan rasa
Rasaning
sukur lan asor
Pralambang
awujud marang Gusti
Rasaning
raga, raganing rasa
Amanunggal
marang Sang Hyang
Anggabdi
ing manah abdi
Tansah
lumaku ing soma-respati ku
Ing
1/3 nelingsir wengi
Sawang
sinawang marang kang nitih kencana
Nyebar
rahmat kanggo kang tangi
Kang
nelesi rai karo banyuning surga
Ing
1/3 lingsiring wengi
sumeleh
ati…sumeleh jiwa
nalika
kabehing awak tumemplek lemah
aku
kelingan pati...
Ngawiti
meleke raga, jiwa, lan sukma
Klawan
dzikir marang marang pengeran
Ingkang
tansah paring panguripan lan kabegjan
Ingkang
tansah paring sesandhangan iman lumawan jiwa
Yen dirasa, akih kang krasa
Krasa wis apik uripe, apik imane
Yen dipikir, akih kang seneng mikir
Mikir eleke liyan,tanpa weruh bosoke dhewe
Duh…
minangka
padha apal qur’an hadiste
Nanging
ora tau digagas lan diamalke
Ya,
Namung sulaya blaka ta
Mumpung durung keblanjur
Mumpung isih isa ngrogoh ati
Yo, para kanca padha gegandhengan
Bebarengan ngaji hakikat urip
Njur…
Mungkasi
unjaling napas klawan sektine kalimat loro
Mangertosi
sejatine pati jroning urip, lan pati jroning urip
Mesthia
padha waspada lan mawas diri
0 komentar:
Posting Komentar