Saking
buku ingkan kula waca, buku menika ngandharaken menawi posisi lenggah nalika
kuliah menika nemtuaken prestasi mahasiswa. Menawi lenggah wonten ngajeng
mahasiswa menika saged nghadahi biji ingkang luwih sae tinimbang mahasiswa ingkang
lenggah wonten wingking.
Ananging
menawi dipun nalar,kahanan menika boten saged di damel patokan, boten salawase
mahasiswa ingkan lenggah wonten ngajeng menika saged luwih sukses tinimbang
ingkan lenggah wonten wingking,sedaya menika gumantung kaliyan kawruhan lan
saged botene mahasiswa wau nangkep materi sangking dosen.
Nanging
mekaten, ingkang dados masalah boten babagan saged botene mahasiswa nangkep
materi dosen, ananging luwih ngrembag babagan mental mahasiswa. Sakhatahing
mahasiswa luwih remen lenggah wonten wingking,kathah alesan salah satunggalipun
menika kathah mahasiswa ingkan gumantungaken kaliyan jawaban kancanipun utawa
nyontek buku,lan sapiturute tinimbang migunaake kawruhan piyambak-piyambak. Lan
ugi wonten mahasiswa ingkan idealis,inggih menika luwih remen lenggah wonten
ngajeng, boten purun nirun lan boten gumantungaken marang kanca.
Kahanana
menika boten ing dinten ujian sarasan, ing dinten kuliah bisa ugi ngoten.
Saking menika watak tiyang saged kewaos. Inggih menika, tiyang ingkang kersa
lenggah wonten ngajeng menika tiyang ingkan kersa nanggung resiko menapa mawon.
Tulafhanipun boten ngempalaken tugas, boten sianau,isp. Nanging tiyang menika
tetep Percaya Diri ing ngajeng tinimbang ing wngking.
Dak
sampun cetha, menawi dipun renungaken menawi lenggah wonten nagjeng kathah
sanget paedahipun, inggih menika saaged amemangun mental ingkan kiyat supados
wanton tampil wonten ngajeng utawa wonten adicara menapa mawon, ugi bentuk
yiyang ingkan tanggung jawab,isp. Nanging sedaya menika gumantung kaliyan
panarimanae piyambak-piyambak
0 komentar:
Posting Komentar